Kamis, 31 Maret 2011

RINGGIT


Teges harfiah saking ringgit utawi wayang inggih punika bayangan, sairing wektu pangertosan ringgit saget dipuntegesaken tontonan panggung, teater utawi actor lan artis. Ringgit minangka seni teater ateges nalika tontonan ing panggung sutradara ndherek main. Dados benten kaliyan sandiwara utawi film amargi sutradara boten ketinggal minangka pemain. Sutradara ing ringgit kawastanan dhalang, ingkang perananipun dominasi tontonan kados ing ringgit purwa ing Jawi.

Miturut Sri Mangkunegara IV (ing Achmadi 2004: 36) ringgit dipunbagi dados tigang jenis, inggih punika : (1) ringgit purwa, inggih punika ringgit ingkang nyariosaken rawuhipun Prabu Isaka ngantos dumugi sedanipun Maharaja Yudayana ing Astina, (2) ringgit madya, inggih punika ringgit ingkang ntariosaken sedanipun Prabu Yudayana dumugi Prabu Jayalengka jumeneng nata, (3) ringgit wasana, inggih punika ringgit ingkang nyariosaken Prabu Jayalengkara dumugi mlebetipun agami Islam. Apresiasi ringgit minangka salah satunggalipun wujud seni budaya klasik budaya tradisional Bangsa Indonesia ingkang ngrembaka ngantos sapunika ing masyarakat. Saking agengipun peran ing gesangipun tiyang Jawi ndadosaken ringgit minangka salah satunggalipun identitas manungsa Jawi.

Ringgit minangka salah satunggalipun budaya Jawi ingkang ngemu pitedah-pitedah lan aosing etis-positif ingkang sampun dipunuji kaleresanipun ing wekdal ingkang dangu, sahengga lumantar ringgit ringgit saged dipundadosaken sarana dhidhik watak. Ing salebetipun ndhidhik watak manungsa dipunpikajenganken ngangge sarana supados para siswa kasengsem dening punapa ingkang kaparingaken dwija. Dados ing salebetipun lampahan ringgit wonten pesen moral ingkang dipunasta dening dhalang kangge dipunpenggalih . Menawi asilinh penggalih kasebat jumbuh kaliyan pamanggihipun , mila asiling penggalih punika saged dipundamel landesan gesang saben dintenipun.

Ringgit kaanggep minangka sumber nilai filsafati. Amargi ing lakon ringgit ngemot aosing gesang arupi wejangan, pitutur, petuah lan ajaran gesang supados manungsa slamet lan mulya salebetipun ngampahi gesang sae wonten ing donya lan akherat.

Ringgit minangka seni tontonan mucal nilai-nilai awujud simbolik lan konotatif sarta estetik. Aosing estetik saged kapanggihaken wonten ing wujud ringgit, cariosipun lan tontonanipun. Ing salebetipun maringi wejangan, normal an pedoman gesang dipunkersakaken pamirsa kersa nganut, bab-bab ingkang kalawau kababar ing wujud simbolik ing asilipun seni kang endah.

Achmad Asmoro (2004: 57) Ing jagadipun pewayangan ngemot nilai-nilai ingkang sae antawisipun : (1) ringgit minangka sumber madosi nilai-nilai, (2) ringgit minangka wahana pendhidhikan watak, (3) ringgit kebak dening nilai-nilai kaluhuran, (4) ringgit minangka panggambaran alam pikiran manungsa, (5) ringgit minangka sarana pangukuhan kabudayan, (6) ringgit minangaka pengendalian sosial, (7) ringgit minangka sarana pengukuhan status sosial, (8) ringgit minangka penanaman solidaritas sosial, (9) ringgit minangka hiburan.

Miturur Hasim Amir (ing Avhmadi 2004: 61) njlentrehaken bilih ing lampahan ringgit nuduhaken aosing pendhidhikan sacara etis antawisipun: (a) Aosing kasampurnan ingkang sejati, (b) Aosing kasatuan sejati, (c) Aosing bebener ingkang sejati, (d) Aosing kasucen sejati, (e) Aosing kaadilan sejati, (f) Aosing kaagungan sejati, (g) Aosing kemercusuaran sejati, (h) Aosing keabadian sejati, (i) Aosing keteraturan makrokosmos sejati, (j) Aosing kebijakan sejati, (k) Aosing realita lan pangertosan sejati, (l) Aosing kasadaran lan kapitadosan sejati, (m) Aosing katresnan sejati, (n) Aosing tanggel jawab sejati, (o) Aosing kehendak , niat lan tekad sejati. (p) Aosing kekendelan, greget lan pengabdian sejati, (q) Aosing kakuwatan, (r) Aosing bebungah sejati.

Cara panggangit ngambaraken utawi ngedalaken paraganipun kanthi maneka cara. Umpamanipun pangripta nggambaraken paraga minangka paraga ingkang naming gesang ing alam impen, paraga ingkang nggadahi gumregut ing gesangipun, paraga ingkang nggadahi cara jumbuh kaliyan gesang manungsa ingkang sabeneripun, paraga ingkang semrawut lan ngutamakaken badanipun piyambak. Paraga punika saged arupi manungsa, kewan tuladhanipun kancil, kucing, sepatu lan sanes-sanesipun (ing Aminudin 2002: 79)

Sifat paraga sejatosipun adhedhasar kalih werna, sifat lair (rupa ujud) lan sifat bathin (watak karakter). Sifat paraga punika saged dipunmangertosi kanthi maneka warnacara, antawisipun lumantar : (1) tindak tanduk, pocapan lan pikiran, (2) panggenan paraga kasebat, (3) barang-barang ing sakupenge paraga, (4) sesrawungan paraga sanesipun dhumateng piyambakipun, lan (5) deskripsi langsung sacara naratif dhumateng pangganggit (Shirazy 2009).

Margi saking punika, paraga punika sentral, amargi paraga ingkang ngasta lan nyimpen pesen, amanat, moral, utawi sedaya perkawis ingkang sengaja badhe kaaturaken pangganggit dhumateng pamaos.